contoh laporan pranata adicara

                                                 CONTOH LAPORAN PRANATA ADICARA 
                                PURWAKA BASA
Alhamdulillahhirobbilngalamin, puji syukur tansah kita aturaken dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan rahmat, saha inayahipun satemah panyerat saged ngrampungaken Laporan Pranata Adicara wonten ing adicara Mauli Nabi kanthi lancar mboten wonten alangan satunggal punapa.
Laporan Pranata Adicara punika dipun damel minangka salah sawijining kegiatan kangge ningkatake ketrampilan basa ingkang trep kaliyan unggah-ungguh Basa Jawa. Kados ingkang sampun kita mangertosi, ancasipun SMK inggih punika kangge nyiapaken lulusan ingkang sampun siap nyambet damel wonten ing masyarakat. Mila ssaking punika tugas Pranata adicara ancasipun kangge nguji mental lan nguji ketrampilan basa jawa.
Panyerat ngertos menawi wonten ing padhapukan laporan Pranata Adicara punika tasih kathah jekirangipun. Mila saking punika panyerat nyuwun kritik lan saranipun saking panjeneng kangge nyempurnaake laporan punika. Mboten kasupen panyerat ngaturaken maturnuwun dhumateng sadoyo pihak ingkang sampun mbiyantu laporan punika.
Mugi-mugi Allah SWT tansah paring rahmat lan hidayah dhmateng kita sedaya. Amin.
                                                                                                                       Kebumen,    April 2012


                                                                                                                               Panyerat
                                             PAMBUKA
.  
  DASAR PANDHAPUKAN
Ingkang ndasari pandhapukan Laporan Pranata Adicara ing adicara Maulid Nabi Muhammad SAW inggih punika:
1.      Kurikuluk 2011/2012
2.      Uji Kompetensi Basa Jawa

B.     MAKSUD LAN ANCAS
Maksud lan ancasipun Laporan Pranata Adicara Maulid Nabi SAW inggih punika:
1.      Ningkatake ketrampilan Basa Jawa
2.      Supados kita saged srawung kaliyan masyarakat
3.      Nglatih supados kita saged micara wonten ing sangarepe tiyang kathah
4.      Supados kita saged dados pranata adicara ingkang sae

 ADICARA MAULID NABI MUHAMMAD SAW

Assalamualaiku warahmatullahi wabarakaatuh
Alhamdulillahirobil alamin. Wasola tuwassalamu ala asrofil anbiya iwal mursalin. Sayyidina wamaulana muhammadin wa’ala alibi wasohbihi ajmangin. Amma ba’du.
Kasugengan rahmat saha berkag dalem Allah ingkang Maha Agung, mugia tansah kajiwa kasarira dhumateng para rawuh samudayanipun ingkang satuhu dahat minulya.
Dhumateng Bapak Kyai Slamet ingkang kinurmatan, dhumateng para sepuh pinisepuh ingkang kinurmatan, mboten kesupen para kadang wiranem pengajen tengah lan fatayat Sumberadi ingkang kula tresnani.
Nyuwun lumbering sih samudra pangaksama dene kula sampun nilaraken subasita ngadeg wonten ngarsa panjenengan saperlu nagaturaken jejibahan ingkang kula pundi wonten ing adicara pangetan Maulid Nabi Muhammad SAW wonten ing ndalu 12 Robiul awal 1433 utawi 4 Febuari 2012.
Para rawuh samudyanipun ingkang satuhu dahat minulya.
Wonten ing kalenggahan punika, kula ingkang kapiji saking sadaya panitia minangka pranata adicara supados nglantaraken titi laksana wonten ing adicara punika.
Para rawuh samudayanipun ingkang satuhu bagya minulya
Kaperanga kula ngaturaken menggah rantamaning adicara wonten ing kalenggahan punika. Adicara angka
1.      Pambuka utawi Tahlil
2.      Atur pambagya harja saking Pangarsaning Panitia
3.      Waosan ayat-ayat suci AlQur’an
4.      Waosan solawat Nabi
5.      Inti utawi waosan Albarjanji
6.      Sumene
7.      Panutup
Sagunging para rawuh ingkang tuhu dahat kinurmatan.
Mekaten kala wau menggah rantamaning adicara Maulid Nabi Muhammad SAW ing ndalu punika ingkang sampun rinakit dening sadaya panitia. Ngengingi wekdal sampun sawetawis ndlu, manggah adicara ing wekdal punika kita wiwiti kanthi adicara angka atunggal inggih punika, pambuka kaliyan Tahlil, ingkang badhe dipun pimpin dening Bapak Kyai Slamet.
Dhumateng bapak Kyai Slamet, kula aturaken sumangga.
Mekaten adicara pambuka. Dhumateng bapak kyai Slamet kula aturaken agungin panuwun.

Adicara saklajengipun inggih punika atur paambagya harja saking pangarsaning panitia ingkang dipunsarirani dening panjenangipun sadherek Musringah.
Dhumateng panjenangipun sadherek Musringah, kula aturaken sumangga.
Mekaten atur pambagya saking pangarsanipun panitia. Dhumateng panjenenganipun sadherek Musringah kula aturaken agunging panuwun.
Sagunging para rawuh ingkang kinurmatan
Ndungkap adicara saklajengipun inggih punika waosan ayat-ayat suci Al Qur’an ingkang badhe dipun sarirani dening panjenganipun sadherek Ririn saha Gita.
Dhumateng panjenganipuun sadherek Ririn saha Gita, kula aturaken sumangga.
Mekaten waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Ririn saha Gita.
Adicara saklajengipun inggih punika waosan solawat Nabi ingkang badhe dipun sarirani dening panjenganipun sadherek Puput saha Fenti.
Dhumateng panjenganipun sadherek Puput saha Fenti, kula aturaken sumangga.
Mekaten waosan solawat Nabi, ingkang sampun dipun sarirani dening panjenganipun sadherek Puput saha Fenti. Dhumateng panjenganipun Puput saha Fenti, kula aturaken agunging panuwun.
Para rawuh ingkang kinumatan.
Adicara saklajengipun inggih punika inti utawi waosan Albarjanji, ingkang dipun pimpin dening panjenganipun Ibu Tsuwaibah.
Dhumateng panjenganipun Ibu Tsuwaibah kula aturaken sumangga.
Para rawuh ingkang kinurmatan, waosan Albarjanji dipunlajengaken mangke.
Adicara saklajengipun inggih punika sumene. Ingkang badhe dipun isi dening para sadherek pengjen tengah.
Dhumateng para sadherek pengajen tengah, kula aturaken sumangga.
Lumadhosing pasugatan kang praja ingkang katur wonten ngarsa panjenengan sedaya sumangga dipun rahabi kanthi mardikaning panggalih, sugeng ngrahabi.
Mboten ateges kula ngirangi kamardikn saha kanikamatan pnjenengan sedaya, nanging gegandengan wekdal sawetawis ndlu, pramila adicara badhe dipunlajengaken dening waosan Albarjanji malih.
Mekaten waosan Albarjanji,dhumaten panjenganipu Ibu Tsuwaibah kula aturaken agunging panuwu.
Adicara saklajengipun inggih punika dunga panutup ingkanag badhe dipun pimpin dening panjenganipun Ibu Tuwaibah.

Dhumateng panjenganipun Ibu Tsuwaibah kula aturaken sumangga.
Ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenganipun Ibu Tsuwaibah.
Kula ingkang kajiban minangka pranata adicara wonten ing adicara punika mbok bilih anggen kula nderekaken lampahing adicara punika saking purwa dumugi wasana katha atur saha tindak tanduk ingkang boten dadosaken renaning panggalih kula nyuwun lumberingsih samudra pangaksama. Wasono sugeng kondur, sugeng perpisahan mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih. Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Comments

Popular posts from this blog

Guru Gatra, Guru Wilangan lan Guru lagu tembang-tembang macapat

Keping Kayu bisa Tukar Aneka Makanan Khas Kebumen di Pasar Jaten

contoh proposal kewirausahaan